Mangga kaserat mawi aksara latin!

Jawaban:
Wacan Aksara Latine;
- Aku tuku klambi regane 158.500 rupiyah.
- Sandhanganmu tak simpen ing lemari nomer 7.
- Omahku ana ing dalan Paris nomer 48.
- Bis rodhane 4 dene trek iler rodhane 8.
- Tanggal 21 Mei para mahasiswa sami dhemo.
- Sesuk tanggal 25 aku ulang taun.
Penjelasan:
Tembung sing kacithak kandel iku nganggo ANGKA JAWA lan AKSARA MURDA.
Angka Jawa; utawane aksara wilangan yaiku, kalebu angka ing aksara Jawa. Nulis angka jawa kudu diapit dening pada pangkat ( ꧇ ꧇ ). Pada pangkat yaiku titik loro kanggo nulis tembung sing wigati banget.
Angka Jawa⤵️
- ꧑
- ꧒
- ꧓
- ꧔
- ꧕
- ꧖
- ꧗
- ꧘
- ꧙
- ꧐ (0)
____________________
Aksara Murda; yaiku minangka aksara sesirah utawa aksara gedhe (huruf kapital). Aksara iki nduweni kagunaan kanggo nulis jeneng uwong, jabatan, papan panggona/kang wis misuwur, jeneng sasi/wulan.
Aksara Murda cacahe ana 8, yaiku⤵️
- Na ꦟ, Ka ꦑ, Ta ꦡ, Sa ꦯ
- Pa ꦦ, Nya ꦘ, Ga ꦓ, Ba ꦨ
Paugerane Nulis Aksara Murda;
- Ditulis ing ngarep dhewe.
- Manwa ngarep ora ana murda, banjur ditulis ing mburi.
- Sabek sak tembung ditulis siji wae.
- Ora kena dipangku.
- Bisa/ulih disandhangi.